UNDHA USUK LAN UNGGAH UNGGUH
UNDHA USUK BASA JAWA
Ana ing wewengkon bebrayan Jawa wis kawentar luhuring tata kramane lan sapanunggalane ing tindak solah bawaning bangsa. Mangkono uga ing bab basa Jawa. Basa Jawa uga duwe tata krama sing diarani "UNGGAH-UNGGUH" utawa "Undha-usuking basa". Unggah-ungguh utawa undha-usuking basa iku kanggo manut wong kang guneman (wong kapisan), karo wong kang diajak guneman (wong kapindho), sarta wong kang digunem (wong katelu). Miturut cak-cakane, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku:
Ana ing wewengkon bebrayan Jawa wis kawentar luhuring tata kramane lan sapanunggalane ing tindak solah bawaning bangsa. Mangkono uga ing bab basa Jawa. Basa Jawa uga duwe tata krama sing diarani "UNGGAH-UNGGUH" utawa "Undha-usuking basa". Unggah-ungguh utawa undha-usuking basa iku kanggo manut wong kang guneman (wong kapisan), karo wong kang diajak guneman (wong kapindho), sarta wong kang digunem (wong katelu). Miturut cak-cakane, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku:
1. BASA NGOKO
Basa ngoko yaiku basane wong kang ora pati ngurmati kang diajak guneman.
Basa Ngoko ana rong werna:
a. Ngoko Lugu
Basa kang digunakake antarane pawongan kang wis rumaket. Wujude tembung ngoko, ora ana tembung kang krama inggil tumrap wong kang dijak guneman. Yen ana, mung tumrap marang wong sing digunem. Panganggone basa ngoko lugu yaiku:
1. Kanca kang wis rumaket/menyang sapadha-padha kang wis kulina banget
tuladha:
Kowe mau mangan apa?
Kowe arep menyang ngendi, Di?
Dhi, sesuk yen mangkat pramuka kowe ngampiri aku dhisik ya!
Minggu sesuk pada bal-balan menyang lapangan gelem ora?
2. Wong tuwa marang bocah enom
tuladha:
Le, sapa kancamu mau?
Nang, kowe kudu luwih sregep sinau kanggo ngadhepi ujian sesuk!
Ni, jupukna buku iku!
3. Pawongan kang lagi ngunandika
Kapan ya aku bisa lunga menyang Bali?
Awak yen lagi apes, tiwas nulung malah kepenthung.
b. Ngoko Alus/Ngoko Andhap
Basa ngoko sing kacampuran krama alus/inggil tumprap wong kang diajak guneman.
titikane basa ngoko alus:
- awake dhewe panggah ngoko wong liya dicampuri krama alus tumrap perangane awake sing diajak guneman utawa sing digunem, lan sandhangane wong sing diajak guneman utawa wong sing digunem.
- tembung aku panggah aku.
- tembung kowe disalini panjenengan utawa sliramu
- ater-ater lan panambang ora dikramakake, panggah di-, ake panggah -ake.
Panganggone basa ngoko alus:
1. kanca padha kanca sing wis rumaket nanging luwih ngajeni (dudu bocah pada bocah)
2. ibu marang bapak
tuladha: Pak, yen arep dhahar wis daktata ana ing meja!
3. adhi marang kangmas/mbakyu
tuladha: Mas, yen kersa mengko dakampiri mrikasni bioskop.
4. kangmas/mbakyu marang adhine
5. anak marang wong tuwa
tuladha: Bu, yen arep tindak dakterake.
6. wong tuwa marang wong enom, nanging pangkate luwih dhuwur utawa wong kang pangkate luwih dhuwur marang andhahan kang luwih tuwa.
2. BASA KRAMA
Basa krama kaperang dadi loro yaiku:
a. Krama Lugu
Krama lugu yaiku basa krama kang kedadeyan saka tembung krama.
Panganggone:
1. Wong tuwa marang wong enom kang durung pati kulina.
tuladha:
a. Di tengga sekedap, nak. Dimas saweg dipurugi wonten wande
b. Mangga, Dhik, pinarak rumiyin
c. Sampeyan ngertos daleme Pak Guru Amir?
2. Bocah marang bocah kang durung kulina
a. Leres bapak sampeyan ingkang dados kepala polisi wonten tlatah mriki?
b. Lha, bilai temenan menika, malah kita ingkang kapatah ndherekake Pak Kepala, kamangka seragame dereng jangkep
b. Krama Alus/Inggil
Basa krama kang kedadeyan saka basa krama lugu lan krama inggil. Krama inggil iku basa kang ngajeni banget. wujude kaya basa mudha krama, kaceke panambang-mu owah dadi panjenengan utawa panjenengan dalem. Tembung aku diowahi dadi abdi dalem, dalem, kawula, kula lan sapanunggalane.
Panganggone: kanggo guneman marang wong kang kudu dikurmati/diajeni, guneman bocah enom marang wong tuwa, wong enom marang wong enom sing diajeni, sapadhane wong tuwa kang padha ngajeni, pawongan kang padha-padha ngajeni.
Tembung kang dikramakake inggil kayata perangane awak, kriya, solah bawa panganggo utawa barang darbe lsp.
tuladha:
1. Ibu, mangke bapak klawan ibu dipunaturi rawuh wonten ing sekolahan.
2. bapak Lurah tindak dalemipun Pak Kohar ingkang saweg gerah.
3. Bilih bapak ngersakaken mirsani sapunika, sadaya berkas sampun kasiapakan.
19 Komentar
Kadelok ing jaman saiki akeh wong kang ora biso migunaakake unggah ungguh basa jawa kang bener,nah cara apa kang trep supoyo gawe wong biso migunakake unggah ungguh basa jawa kanthi bener.
BalasHapus-ummu inayah.r
Cara mbiasakake nganggo basa krama ing saben dinane?
BalasHapusKudu wani "meksa" dhiri pribadi matur karo rama ibu tan pakdhe budhe lan kabeh sing dianggep luwih senior. Kanthi mengkono mesti bakal pinter matur nganggo basa krama.
HapusConto wujud basa mudha krama?
BalasHapusApa bedanya krama alus lan krama lugu?
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusApa kang di maksud ngoko lugu?
BalasHapusBasa jawa kang tetembungane nganggo ngoko kabeh
HapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusApa ta titikane basa Ngoko Alus ?
BalasHapusTembung-tembunge nganggo ngoko kejaba tembung kriya utawa kata kerjane nganggo krama
HapusKepie contoh basa ngoko andhin?
BalasHapusContoh basa ngoko andhap?
BalasHapusApa maksut saka ater-ater lan panambang ora dikramakake, panggah di-, ake panggah -ake.
BalasHapusKepiye cara ben basa krama iku biso tetep lestari ing zaman iki #apriliaputri
BalasHapusBadhe tanglet,menawi tasih ngobrol sareng-sareng,lha teng mriku niku wonten tiyang kang umure mboten sami,basa ingkang sae diagem nopo nggih?
BalasHapusBecike yen luwih tuwa ya krama, yen luwin enom ora papa nganggo ngoko. Nanging yen saumuran lan durun tepung ya nganggo krama apike.
HapusIng desa menika kathah ingkang ngagem Krama desa,Krama desa menika kalebu Krama punapa?
BalasHapusDian Ika Safitri
Kuwi basa krama kang wis ora dienggo amarga basane wong padesan sing kerep kliru. Umpama wedi basa kramane dadi wedos, jeneng papan panggonan dibasakake umpama Sangubanyu dadi Mbetatoya, kutha Tegal dadi Tegil lsp....
Hapus