GEGURITAN

Pengertian Geguritan (Puisi Jawa):



Miturut bausastra Jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg. Geguritan kagolong karya sastra tulis. Tembung geguritan asale saka tembung "gurit". Gurit tegese kidung utawa tembang tulisan awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Nggurit tegese ngarang tembang, kidung utawa rerepen.

Sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku:

  1. Wicara: pocapan
  2. Wirama: irama/lagu
  3. Wiraga: solahe raga, pasemon
  4. Wirasa: pangrasa    


<iframe width="560" height="315" src="https://www.youtube.com/embed/3lUYqU5p70Q" frameborder="0" allow="accelerometer; autoplay; encrypted-media; gyroscope; picture-in-picture" allowfullscreen></iframe>



Geguritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning jaman, saengga geguritan saiki wis beda karo giritan jaman biyen, tegese wis mardika. Titikane guritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung kang pinilih, cacahe larik ora katemtokake, sajak pungkasane bebas mardika, ora nggunakake basa padinan, arng-arang nggunakake tembung pangiket, migunakake tembung kawi, isine mentes, lan migunakake purwakanthi basa, swara lan sastra. 



Pituduh carane gawe geguritan:      


  1. nemtokake tema
  2. milih tetembungan kang mentes, endah lan cekak, 
  3. paramasatra
  4. menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan,
Guritan iku dibedakake dadi 2, yaiku :

1. Geguritan Gagrag Kuna/Lawas
Titikane/pathokane:

  1. cacahing gatrane ora ajeg, nanging sethitike papat
  2. cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe
  3. tibaning swara (guru lagune) kudu runtut
  4. sangarepe geguritan, diwiwiti nganggo tembung "sun nggegurit" 
Tuladha:

sun nggegurit:
Kahanan zaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi zaman nguni
Srawunge sarwa ngati-ati

Yen manut wasiting kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng bapa. 
 2. Geguritan Gagrag Anyar

Dene geguritan utawa guritan anyar nduweni pathokan :


  1. Tembung-tembunge pilihan
  2. Isine mentes 
  3. Cacahe gatra/larikan ora katemtokake
  4. Arang nganggo tembung salugune/denotasi
  5. Akeh nganggo tembung kiasan/konotasi
  6. Ora nganggo tembung sun gegurit
Tuladha:

   RA MOKAL



Ra mokal yen bocah-bocah takon aku
Pak, angka jawa nggo ngetung apa
Apa bisa dak nggo bakulan ula
Apa bisa dak nggo tamba lara
Lha yen pasar wis nganggo kalkulator
pak dhokter wis sarwa komputer
Dititul thet dadi mesin jet
Diuntir-untir dadine nuklir
Nganti ambune kiyamat wis krasa cedhak
Katon tombole ing pangkalan-pangkalan
Lan aku isih kok pleter carakaan
Apa aku bisa balapan
Le, thole
Basa Jawa ra bisa dienggo golek bojo
Angka Jawa ateges etung-etungan
Ngeleluri satra Jawa ora ateges dodolan kewan
Kuwi sawijining kabudayan
Yen copot ateges awakmu ora kathokaan.

84 Komentar

  1. Bu, kulo ajeng tanglet, pasemon niku nopo nggeh bu ?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Pasemon kui praupan rai utawa raut wajah menawa ing basa Indonesia

      Hapus
  2. Bu mau tanya kata sun nggegurit itu apa ?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Sun nggegurit iku tegese maca utawa ngarang geguritan. Tembung iku ana ing geguritan jaman biyen mbk Diah.

      Hapus
  3. Bu, kula Ulin Husniyah ajeng tanglet, pripun carane ngolah wirasa kang apik nalika maca geguritan?

    BalasHapus
  4. Mbak Ratri, pasemon kui tegese praupan rai / raut wajah menawa ing basa Indonesia. Mudheng to????

    BalasHapus
    Balasan
    1. Geh bu, kulo sampun mudeng matur suwun bu.

      Hapus
  5. Bu mau tanya kata sun nggegurit itu apa ?

    BalasHapus
    Balasan
    1. tegese maca utawa ngarang geguritan mbak. Kui ciri-cirine geguritan kuno.

      Hapus
  6. Buk menapa geguritan sakniki mboten pas kalih paugerane. (Mubtadi)

    BalasHapus
    Balasan
    1. Geguritan jaman saiki kui pancen wis ora nganggo paugeran kaya jaman biyen mbak. Dadi geguritan saiki kui puisi bebas. Mula ora ana pathokane. Ok??

      Hapus
  7. Buk kenapa nggih, kok geguritan niku karangan sing pinathok?.
    Nilna

    BalasHapus
    Balasan
    1. menawa biyen ana pathokan utawa paugeran utawa aturan. Ning jaman saiki wis ora mbk...

      Hapus
  8. Bu kula Wahyu Mutia Faizzah, badhe tanglet basa padinan niku tegese nopo?

    BalasHapus
    Balasan
    1. basa saben dina anggone awakke dhewe pacelathon utawa omong-omongan karo wong liya.

      Hapus
  9. Bu kula Anita Nur R badhe tanglet, menapa geguritan niku saben sawanda kudu 4 gatra ? menawi wonten ingkang sawanda isinipun 3 gatra pripun ??
    Matursuwun

    BalasHapus
    Balasan
    1. Ora mbak. Ora kudu ngono kui. Ora kudu 4 gatra. Kui jaman biyen, saiki wis bebas. Sawanda isinipun 3 gatra niku tegesipun sabait isi 3 baris. Ning pisan maneh kui aturan jaman biyen.

      Hapus
  10. Bu, kulo Deviyanti badhe tanglet artinipun kidung utawi rerepan niku nopo nggeh?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kidung padha karo nyanyian utawa tembang mbak. Padha uga tegese karo rerepan mbk Devi

      Hapus
  11. Buk kulo dea yuni badhe tanglet pripun carane anggenipun milih bahasa geguritan kang endah? Matursuwun

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wow.. pitakonanmu apik tenan nduk. Cara milih basa kanggo geguritankui nganggo basa rinengga. Basa rinengga = basa kang nduweni surasa kaendahan kang biasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata cara (sambutan temanten, pengetan taun anyar lsp). Saliyane kui kudu bisa milih tetembungan kang ringkes lan padhet nanging nduweni makna, amarga geguritan kui beda karo prosa sing basane dawa njlentrehake sawijining bab.

      Hapus
  12. Sun nggegurit iku tegese maca utawa ngarang geguritan. Tembung iku ana ing geguritan jaman biyen mbk Diah.

    BalasHapus
  13. Bu badhe tangkep artine paramasatra niku nopo njih?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Paramasastra iku wewaton bab panulis sarta tatananing tetembungan ing Basa Jawa mbak...

      Hapus
  14. Bu badhe tanglet nopo sing diarani pangrasa

    BalasHapus
    Balasan
    1. Pangarsa kuwi pemimpin utawa wong kang dianggep sesepuh

      Hapus
  15. Buk ,nopo Sik di arani pasemon?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Pasemon kui praupan rai utawa "ekspresi raut wajah"

      Hapus
  16. Bu,kula Tri Emy Yuliana badhe tanglet tembung kiasan utawa konotasi niku nopo?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Tembung kiasan / konotasi ing basa Jawa diarani tembung entar (tembung silihan) yaiku tembung sing duwe makna kiasan (nduweni teges ora sakbenere).
      Tembung iki wis oncat saka tegese sing baku utawa tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe

      Hapus
  17. Bu pocapan niku sami kalih ucapan mboten?

    BalasHapus
  18. Balasan
    1. Solah raga niku mobah mosiking sarira utawa obahing awak kang selaras/serasi karo anggone maca geguritan.

      Hapus
  19. Bu,kula Tri Emy Yuliana badhe tanglet tembung kiasan utawa konotasi niku nopo?

    BalasHapus
  20. Bu,kula Tri Emy Yuliana badhe tanglet tembung kiasan utawa konotasi niku nopo?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kuwi pitakonane padha mbak Tri Emy. Dipuntingali nginggile mbak

      Hapus
  21. Buk, nopo sik di arani pocapan niku?

    BalasHapus
  22. Buk kulo agna badhe tanglet npo kang dimaksud paugeran tartamtu.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Paugeran tartamtu = aturan tertentu (Bahasa Indonesia)

      Hapus
  23. bu, kulo fitika aryudini putri badhe tanglet raket wewekane sepi niku nopo?

    BalasHapus
  24. Bu, badhe tangklet tan kadi zaman nguni niku tegese nopo?

    BalasHapus
  25. Bu kula bade tanglet tegese wasiting kuna niku napa ? Matur nuwun

    BalasHapus
    Balasan
    1. Peparah, pituduh, nasehat, piweling ing jaman biyen

      Hapus
  26. Bu, badhe tangklet tan kadi zaman nguni niku tegese nopo?

    BalasHapus
  27. bu, kulo fitika aryudini putri badhe tanglet raket wewekane sepi niku nopo?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Mbokmenawa sing kokarepake saka tembung raket weweka sepi ya nduk? Tegese raket weweka sepi kuwi rumaket nanging ora ngrampungake perkara utawa wis ora semedulur kaya biyen.

      Hapus
  28. Bu kula dinda dahlia woro sejati badhe tanglet pripun carane ndamel geguritan kang apik

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kerep maca supaya wawasane akeh, banjur ngematake geguritan para pujangga, banjur kudu kerep gladen nulis. Nggatekake anggone nata tetembungan supaya endah lan kepenak dirungokake, lan geguritane ngandhut makna sanadyan ora akeh tetembungane.

      Hapus
  29. Kulo melisa dwi riyanti. Badhe tanglet nopo kang diarani irama?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Munggah mudhune swara rikala maca geguritan mbak Melisa...

      Hapus
  30. Matur nyuwun bu, bermanfaat banget kanggekula👍👍

    BalasHapus
  31. Bu kulo ajeng tanglet, kathokaan niku tegese nopo?

    BalasHapus
  32. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  33. Bu kulo syafrifa natasya putri badhe tanglet solahe raga, pasemon ing maca geguritan niku nopo nggeh?

    BalasHapus
    Balasan
    1. solahe raga iku obahing awak, pasemon iku ekspresi raut wajah/ pasuryan/ rai

      Hapus
  34. Kula Maureen badhe tanglet kang dimaksud paramasastra Niku nopo?

    BalasHapus
  35. Kulo vincentine Carolin Badhe tanglet sinten perintis geguritan ingkang pertama kali ?

    BalasHapus
  36. Bu...., rerepen niku nopo nggeh bu?

    BalasHapus
  37. Bu,kulo azizah alfianti badhe tanglet temah darbe jeneng ala niku nopo?

    BalasHapus
  38. Bu kula dina kula badhe tanglet "pleter carakaan" niku nopo?

    BalasHapus
  39. Kula sapna enggar bade tanglet, menapa nalika maca geguritan ngangge irama

    BalasHapus
  40. Bu kula dina kula badhe tanglet "pleter carakaan" niku nopo?

    BalasHapus
  41. Bu kula dina kula badhe tanglet "pleter carakaan" niku nopo?

    BalasHapus
  42. Kula sapna enggar bade tanglet, menapa nalika maca geguritan ngangge irama

    BalasHapus
  43. Kula sapna enggar bade tanglet, menapa nalika maca geguritan ngangge irama

    BalasHapus
  44. Kula Rahma Mela badhe tanglet nek geguritan niku apik e ngge basa nopo? Ngoko alus nopo krama alus?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Bebas, ora ana pathokane kudu ngoko utawa krama. Sing penting basane ringkes lan apik, ngandhut piwulang

      Hapus
  45. Bu.. Kulo wuri nugraheni badhe tanglet tegesé tan kadi zaman nguni niku nopo nggih??

    BalasHapus
  46. Bu kula Amanda EA bade tanglet arti tembung mokal?

    BalasHapus
  47. mokal kuwi tegese ora nemu nalar, ing basa Indonesia "tidak mungkin"

    BalasHapus
    Balasan
    1. Bu arti geguritan ra mokal ing wacan niku nopo?

      Hapus
    2. Bu arti geguritan ra mokal ing wacan niku nopo?

      Hapus
    3. Bu arti geguritan ra mokal ing wacan niku nopo?

      Hapus
  48. Buk badhe tanglet pangekese niku artine nopo?

    BalasHapus