PARIKAN LAN WANGSALAN

Guneman utawa pacelathon marang wong liya iku ana tata kramane utawa unggah-ungguhe basa, punapa maneh guneman nganggo parikan utawa wangsalan. Unggah-ungguh yaiku sopan-santun, tata susila, tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama utawa nggunakake basa. 







Babagan unggah-ungguh basa di butuhake banget ing jaman moderen iki. Emane, basa krama kurang kaajarake marang siswa ing sekolahan. Mula iku ing kene para siswa bakal di ajari kepriye tuladhane pacelathon arang wong kang luwih tuwa.

Unda-usuking basa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang wis kulina utawa satataran. Dene basa krama kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang durung kulina utawa wong kang tataran bebrayan luwih tuwa. 

1. Parikan  
Parikan uga sinebut pantun, kajupuk saka asal-usule tembung mangkene: kramane pari iku pantun. Carane ndapuk mardika wae, syarate ana werna telu yaiku:

  • winengku ing purwakanthi ab-ab, tegese swara ing pungkasane gatra ing sampiran mau kudu padha utawa     meh padha karo swara ing pungkasane wanda panggonan isi.
  • kawengku ing guru wilangan: cacahe wanda panggonan sampiran padha karo cacahing wanda ing perangane  isi (perangan iki saiki wis ora pati digatekake)
  • ukara ing perangan isi kudu cetha, supaya lawan tutur bisa cepet nangkep karepe
  • parikan bisa dumadi rong gatra utawa patang gatra. yen ana pantun rong larik diarani pantun     kilat/karmina. 

 
Manut cacahing wandane, parikan iku bisa diperang dadi telu, yaiku:
a. Parikan kadadean saka (4 wanda + 4 wanda) x 2 
    Tuladha:
    1. Manuk emprit, nucuk pari 
        dadi murid, sing taberi
    2. Wajik klethik, gula jawa 
        luwih becik, sing prasaja 
    3. Jemek-jemek, gula jawa
        aja ngenyek, padha kanca
    4. Wedang bubuk, gula jawa
         ora mathuk, lewa-lewa

b. Parikan kadadean saka (4 wanda + 8 wanda) x 2
    1. Gudheg manggar bumbune mrica ketumbar 
        lamun sabar, bisa lejar serta bingar
    2. Kembang waru, asri megare tan dangu
        ayo nggugu, ujar piwulange guru
    3. Kembag mlathi, warna peni ngganda wangi
        watak putri, kudu ngati-ati

 c. Parikan kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) x 2
    Tuladha:
    1. Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
        eling-eling para siswa, wajib seneng nggubah basa
    2. Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong plasa
        esuk mikir sore mikir, sing ditaksir ora krasa
    3. Jangan kacang jangankara, kaduk uyah kurang gula
        piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing rekasa

2. Wangsalan 
Wangsalan yaiku unen-unen meh kaya cangkriman, dene tebusane utawa batangane (jawaban) srana sinandi tegese ora blaka, ora diceplosake. Ana wangsalan padinan/pacelathon, edi peni lan tembang.
 a. Wangsalan padinan/pacelathon
     Tuladha
     1.  Janur gunung esuk-sesuk dolan mrene
   (janur gunung : aren (kadingaren))
     2.  Sekar aren, sampun dangu-dangu
   (sekar/kembang aren : dangu)
     3.  Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso
   (roning mlinjo : so)
4. Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni tekamu.
    (nyaron bumbung: angklung) 



Tuladha Pacelathon
Wis sawetara wektu aku kepengen tuku buku Basa Jawa. Buku kuwi kanggo sinau supaya aku tambah pinter. Sawijining dina, aku matur karo paklik yen aku arep nyuwun arta.
Ardi       :  “Kula nuwun.”
Paklik     :  “ O nggih. Mangga ... mangga, kok njanur gunung Le dolan mrene.”
Ardi        :  “Sowan kula mriki badhe nyuwun tulung, menapa saged Paklik?”
Paklik     :  “ Ana apa Le sejatine. Sajake wigati sanget.”
Ardi       :  “Menika Paklik. Kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku Basa Jawa
Paklik     :  “Oooo dhuwit kanggo tuku buku Basa Jawa to, Sik dakjupukake.”
Ardi        : “Inggih Paklik, Kula tengga.”
Paklik      : “Iki Le dhuwite.”
Ardi        :  “Matur nuwun, Paklik. Amargi sampun sonten kula badhe nyuwun pamit.”
Paklik     :  “ Ya, ngati-ati ya ning dalan
Ardi        :  “ Nggih Paklik.”



        b. Wangsalan edi peni
            Tuladha:
           1. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya.
              (Carang wreksa: pang, wreksa wilis tanpa patra: wit kayu urip)
           2. Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu emen, wong anom wedi kangelan.
              (Kolik priya: tuhu, Anjani Putra: Anoman)


c. Wangsalan awujud tembang 
    Wangsalan kang kanggo ing tembang. Biasane kanggo sing panembrama, arane umpak-umpak. Gerongan, umpak-umpak, wangsalan diterusake tembang Kinanthi Sandhung utawi Kinanthi subakastawa.


Tuladha:
Kinanthi linging pitutur,
kenthang rambat manyan putih       
awasna dipun pratela
noleha wiranging wuri
cecangkok wohing klapa
kang dadi pathoking urip

kenthang rambat             : tela
menyan putih                   : wlirang
cecongkak wohing klapa : bathok

Tuladha sanese:
1.      Petis manis, sarining kaca benggala (4+8)
Aja ngucap yen durung dirasa-rasa (kecap rasa)
2.      Jenangsela wader kalen sasonderan (4+8)
Apuranto yen wonten lepat kawula (apu, sepat)
3.      Balung geni, kalong lit kang aneng wisma (4+8)
Dhuh pra siswa, yo sinau basa jawa (mawa/wawa, lawa)

16 Komentar

  1. Buk mau tanya wangsalan edi peni itu apa ya?

    BalasHapus
  2. mbak delandri...wangsalan edi peni kui wangsalan kang unen-unene kadadéan saka 2 ukara (wangsalan rangkep), saben saukara kadadéan saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda) lan ukara kang kapisan (ya iku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita

    BalasHapus
    Balasan
    1. Oh nggih bu maturnuwun nggih kula saiki sampun paham^_^

      Hapus
  3. "Biasane kanggo sing panembrama, arane umpak-umpak. Gerongan, umpak-umpak, wangsalan diterusake tembang Kinanthi Sandhung utawi Kinanthi subakastawa" niku pangertene pripun

    BalasHapus
  4. Bu opo kelemahane parikan niku?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kekurangane wis ora kerep ora dienggo. Nanging sejatine isih apik digunakake kanggo gawe regenging acara menawa pidhato utawa dadi MC

      Hapus
  5. Bu bade tanglet maksute undi usuking niku nopo?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Undha usuk dudu undhi usuk ya mbak... Undha usuk kuwi "tingkatan" menawa ing basa Indonesia. Trap-trap an menawa ing basa Jawa.

      Hapus
  6. Artine "ndapuk mardika wae" niku punopo Bu?

    BalasHapus
  7. Bu kulo Annisa Maulita kelas 12 boga 1 badge tangklet.. Kinanthi Sandhung utawi Kinanthi subakastawa.
    B
    Niku nopo ngih Bu?

    BalasHapus
  8. Bu Gerongan, umpak-umpak niku nopo nggih?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/pradangga.

      Hapus
  9. Kolik priya niku artine nopo nggih buk?

    BalasHapus
  10. Kolik priya niku artine nopo nggih buk?

    BalasHapus