PANDHAWA LIMA

Cerita Wayang  Pandawa Lima - Wayang sing paling digandrungi masyarakat iku lumrahe cerita kang megepokan karo serial Mahabarata. Sanadyan cerita Ramayana anane luwih dhisik nanging prayata kanggone wong jawa crita wayang Mahabarata katone luwih digandrungi. Bab iki kabuktekake kanthi anane paraga wayang utawa gambar wayang kang dipasang ing saben omah.


Akeh-akehe sing dipasang ingkana paraga cerita Mahabarata. Kaya mangkono iku nuduhake Manawa kang duwe omah pancen wis tepung lan nduweni tokoh kaya kang di idolakake iku.
Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus kaprah diarani Pandhawa Lima. Puntadewa ya Yudhistira minangka putra pambayun, watak ambeg darma lan nrima ing pandum sarta adoh ing hawa kamurkan.

Raden Werkudara ya Bima sena gedhe dhuwur lan gagah prakosa kang nomer loro, Raden Janaka ya Kumbang Ali-ali kang kondhang ngganthenge, prigel lan trampil manah minangka panengahe Pandhawa, dene Nakula Sadewa mujudake satriya kembar kang uga duwe watak utama, ambeg darma, lan luhur bebudene. Wiwit cilik mula wis katon luhuring budi,seneng tetulung, welas asih marang sapadha wong kang nandhang kasangsaran.

Raden Puntadewa iku peparab liyane Yudhistira, Dwijakangka, Gunatalikrama, Darmakusuma, kratone manggon ing Ngamarta utawa Indraprasta. Panjenengane kagungan garwa Dewi Drupadi putra putrine Raden Drupada, ratu ing Negara Cempala utawa Pancala. 

Werkudara satriya ing Jodipati garwane aran Dewi Arimbi. Arjuna satriya ing Madukara garwane Dewi Sembadra lan Srikandi. Nakula Sadewa satriya ing Sawojajar. Cethane Pandhawa lima iku watak lan tindak tanduke kena kanggo tepa patuladhane para kawula mudha. Apamaneh kadigdayan lelimane mujudake satriya kang pilih tandhing.

Nalika dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa wis bisa ngatonake kepinteran lan keprigelane. Raden Arjuna prigel menthang gandhewa lan trampil migunakake keris. Raden Werkudara dhasar gagah prakosa kondhang kagungan sanjaya kuku Pancanaka lan gada rujak pala. Pandhawa katon luwih prigel keimbang murid liyane. Ewasemana, ora tau lan pancen ora seneng pamer kadigdayan.Malah watake andhap asor lembah manah lan ngajeni marang sapepadhane.

Akeh lelakon kang dilakoni Pandhawa kasengsaran iku mau dituwuhake saka Kurawa kang kepingin nyirnakake Pandhawa. Wusanane kabeh kasangsaran iku bisa kasil kabengkas lan kuwat dilakoni. Beda banget karo Kurawa sing ora kuwat nglakoni.

Pranyata menawa dideleng ing antarane Pandhawa lan Kurawa iku isih kadang, sebab Pandhawa iku putrane Prabu Pandhudewanata. Sedenge Kurawa iku putrane Prabu Destrarastra. Prabu Pandhu Dewanata iku kaprenah adhine Prabu Destrarastra.

Apa sebabe dene ing antarane kadang Pandhawa lan Kurawa ora bisa rukun? Iki amerga Dewi Gendari kepingin digarwa dening Prabu Pandhu Dewanata nanging kena apa kok malah diwenehake marang kangmase sing wuta iku ?. Mula banjur nibakake pangipat-ipat manawa besuk saturun-turunne bakal dadi mungsuh bebuyutan











61 Komentar

  1. Apa sing nyebabake kurawa ora seneng marang pandawa?

    BalasHapus
  2. Garwane janaka iku enten piro?
    Rulinta Briliyanti

    BalasHapus
    Balasan
    1. Garwane kathah mbak:
      - Dewi Wara Sembadra
      - Dewi Wara Srikandi
      - Dewi Larasati
      - Dewi Supraba
      - Dewi Dresanala
      - Dewi Sulastri
      - Dewi Ulupi
      - Dewi Purnamasidi
      - Dewi Gandakusuma
      - Dewi Manuhara

      Hapus
  3. Apa peparab liyane Raden Werkudara?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Peparab liyane Bima yaiku Bratasena (jeneng rikala nom), Werkudara sing tegese srigala, Bima, Gandawastratmaja, Dwijasena, Arya Sena amarga biyen ing ing awakke kelebon utawa manunggal Gajah Sena, Wijasena, Dandun Wacana, amarga ing awakke manunggal raja Jodipati sing uga adikke dari Prabu Yudistira, Jayadilaga, Jayalaga, Kusumayuda, Kusumadilaga sing tegese tansah menang ing perang, Arya Brata amarga tahan banting ing kabeh kahanan, Wayunendra, Wayu Ananda, Bayuputra, Bayutanaya, Bayusuta, Bayusiwi amarga putra batara Bayu, Bilawa, jeneng samarane rikala dadi jagal di Wiratha, Bondan Peksajandu sing tegese kebal saka sakabehe racun, lan Bungkus minangka jeneng parab karemenane Prabu Kresna

      Hapus
  4. Menawi luweh cakep meleh supaya diwenehi gambar wayange siji siji supaya bisa luweh paham ndi gambare puntadewa, werkudara, lan liyane .

    Riaunanda/23/XIITB1

    BalasHapus
    Balasan
    1. okeeeee..... dipun tengga edisi salajengipun nggih.

      Hapus
  5. Menawi mahabarata iku sami kalih wayang-wayang wonten tanah jawa punapa mboten ?

    BalasHapus
  6. Kenapa paraga wayang nduweni paraban sing akeh?

    BalasHapus
  7. Apa sebabe Dewi Gendari kepingin digarwa dening Prabu Pandhu Dewanata?

    BalasHapus
  8. Gada rujak pala niku nopo Bu?

    BalasHapus
    Balasan
    1. kuwi jenenge senjatane Bima sing dienggo mateni Duryudana rikala perang barathayuda ing dina pungkasan

      Hapus
  9. apa sing nyebabke kurawa raseneng marang pandhawa?

    BalasHapus
  10. Buk menopo pandawa lan kurawa ora biso akur?

    BalasHapus
  11. Kenging nopo Dewi Kendari kepingin digarwa Prabu Pandu nanging kok malah diwenehke marang kangmase?

    BalasHapus
  12. Matur nuwun,, artikel Niki mbiyantu sanget kagem Kula ingkang dereng paham tentang wayang,, nanging gambaripun kirang lengkap:)
    LALYTA IK (XII BOGA 2)

    BalasHapus
  13. Raden werkudara niku peparab liyane napa?

    BalasHapus
  14. Napa senjata andalan e arjuna?

    BalasHapus
    Balasan
    1. 1. Busur Gandiwa adalah senjata gaweane Dewa Brahma , rditampa rikala Arjuna entuk pituduh saka Dewa Agni (api) rikala arep mbukak alas Kandawa. Amarga ing alas ana Raja Ula Taksaka.
      2. Panah Pasopati / Pashupatastra yaiku panah saka Mahadewa Shiwa rikala Arjuna latihan bareng karo Mahadewa. Pasopati tegese "mesthi mati". Panah iki ndadekake sedane Jayadrata lan Adiipati Karna.

      3. Brahmastra
      Senjata dewa milik Brahma, yang kemampuannya konon katanya seperti Nuklir. Pada era Mahabharata itu hanya beberapa orang saja yang bisa memanggil senjata itu yaitu : Parasurama, Bisma, Drona, Karna, Arjuna, dan Aswatama. Senjata ini sekali akan dilepaskan Arjuna untuk menghalau Brahmastra milik aswatama yang hendak menghancurkan Kurusetra dikala perang sudah berakhir.

      Hapus
  15. Lelakon kang dilakoni pandhawa iku opo wae?

    BalasHapus
  16. Sinten Bapake Werkudara niku?

    BalasHapus
  17. Tegese janaka ya kumbang Ali Ali niku napa nggih bu?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kumbang Ali-Ali tegese sawijining pria sejati sing digandrungi saben wong wadon ding alam donya.

      Hapus
  18. Gada rujak pala kang diduweni Werkudara iku kanggo apa ?

    BalasHapus
  19. Balasan
    1. Lugu, jujur, prasaja, tan mendha saking bebaya, tan wedi guntur teka kang sinedya, kang cinipta dadi.

      Hapus
  20. Nopo mawon lelakon kang di lakoni pandhawa lima niku?

    Sabrinadesvia/29/KC1

    BalasHapus
  21. Apa ciri utamane raden werkudara? (Anggie Alfina 12 kc 1)

    BalasHapus
  22. Sinten garwanipun Werkudara?
    Rizky Noviana R / 12BG 1

    BalasHapus
    Balasan
    1. Garwane awrekudara yaiku Dewi Nagagini, Dewi Arimbi lan Dewi Urangayu

      Hapus
  23. Tegese watak ambeg darma niku napa nggih bu?
    Tri Windari/12 Boga 1

    BalasHapus
  24. Apa kang nyebabake kurawa ora seneng karo pandhawa?

    Rizky Masngadah

    BalasHapus
  25. Putrane dewi kunti kalih dewa surya punika sinten asmane ?

    BalasHapus
  26. Pangipat-ipat niku napa bu?
    Siti Atika Rodiyah/12BG1

    BalasHapus
  27. Kenapa wayang Mahabarata luwih digandrungi?

    BalasHapus
  28. Sinten garawane Arjuna?

    Novi Suhartini

    BalasHapus
  29. Penyebab e perang barathayudha niku nopo nggih buk?

    BalasHapus
  30. kapan kedadean e perang baratayudha ing cerita Pandhawa Lima

    BalasHapus
  31. kapan kedadean e perang baratayudha ing cerita Pandhawa Lima

    BalasHapus
  32. Pripun watake werkudara?

    Liska menik

    BalasHapus
  33. Bu tulung jelasaken sinten iku Dwijangkaka, Gunatalikrama, lan Darmakusuma.
    Matur nuwun

    BalasHapus
  34. Watak ambeg darma Niku nopo Bu?
    Ana Xll boga 1

    BalasHapus
  35. Tegese watak nrima ing pandum niku nopo bu?

    Alika - XII BG 1

    BalasHapus
  36. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  37. Kenopo crito Mahabarata luwih digandrungi


    Putri Anis X
    KC1

    BalasHapus
  38. Akhlak kul karimah.
    Bu ajeng tanglet putra ne raden arjuno niku namine sinten?

    BalasHapus
  39. Wisanggeni, Irawan, Priyambada, Wijanarka, Prabakusuma, Antakadewa, Abimanyu, Sumitra, Brantalaras, Wilugangga, Sumbada, Kumaladewa, Kumalasekti

    BalasHapus
  40. Sinten bapakke arjuna?
    -Rahma mela

    BalasHapus
  41. Kulo Rostiana dewi 10 kc 1
    Apa jenenge pusok ne arjuna

    BalasHapus
  42. Kula Indah Riestyana 10 Kc 1. Badhe tanglet, Puntadewa niku ratu ing pundi buk?

    BalasHapus
  43. Bu Kulo badhe tanglet pripun carane mbédakaké ciri fisik wayang

    Klasika diva
    x kc 1

    BalasHapus
  44. Bu kula Mutia Nandika badhe tanglet asmane putranipun Arjuna niku sinten?

    BalasHapus
  45. Watake dewi wara sembrada
    Tolong dijawab

    BalasHapus