PRANATA CARA
PRANATA CARA
Pengertiane Pranatacara
Sajrone bebrayan Jawa dibedakake antarane pranatacara lan pamedhar sabda. Pranatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minangka pranatacara pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC).
Regeng, nges, lan orane sawijining adicara iku saperangan gedhe dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing nduweni jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijine upacara adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pasamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggalane.
Kaya dene ing acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarake titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan, lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (ijab kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyang pasarean (kuburan).
Regeng, nges, lan orane sawijining adicara iku saperangan gedhe dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing nduweni jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijine upacara adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pasamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggalane.
Kaya dene ing acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarake titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan, lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (ijab kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyang pasarean (kuburan).
Wondene sing diarani pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah (mengemban tugas) mbabar sawijining prakara. Ing tata upacara pahargyan temanten, pamedharsabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe. Jejibahan iku kaya dene, ngaturake pambagyaharja (sesulihe sing duwe gawe mantu), pasrah temanten utawa nampa pasrahe temanten, kutbah walimah (wasitatama). Yen ing omahe wong kasripahan (kepaten), pamedhar sabda duwe jejibahan ngaturake panuwun marang wong sing nglayat (takziyah) sing wis melu bela sungkawa. Dene, sajrone patemon ilmiah (pertemuan ilmiah) jejibahane pamedhar sabda, kayata ceramah, sesuluh dines (penyuluh dinas), konferensi, seminar, sarasehan, kuliyah umum, wisuda, lan liyane.
A. URUT-URUTAN RANTAMAN ADICARA
Sejatine dadi pranatacara kuwi ora angel, awit sapa wae sing ora nandhang tuna wicara (bisu) mesthi bisa nindakake pakaryan kuwi. Akeh-akehe padha wedi sebab bingung anggone ngecakake basa luwih-luwih ana sangarepe wong akeh. Mula ing kene dibutuhake mental kang kuwat lan ngugemi sarat saranane dadi pranatacara. Sarat saranane yaiku swara, busana, subasita, lan basa.
a. Swara
Anggone wicara kudu digladhi utawa dilatih supaya bisa cetha wetune swara, pangucap kudu jelas artikulasine (pelafalan), intonasi (penekanan kata) lan ora kesusu anggone ngucap, supaya apa kang diaturake bisa tinampa kanthi cetha dening para rawuh.
b. Busana
Ana unen-unen ‘ajining raga saka busana’, mula kudu digatekake bab busana nalika nindakake pakaryan dadi pranatacara. Anggone nganggo busana kudu dijumbuhake karo kapreluwan ana ing acara kang bakal ditindakake, upamane yen ana ing adicara manten kang nganggo adat Jawa ya nggunakake panganggo adat Jawa, utawa nganggo klambi kang sopan jumbuh karo acarane.
c. Subasita
Subasita utawa tata krama sajroning dadi pranatacara uga kudu digladhi, sebab tatakrama sing kurang bisa nyuda kawibawane pranatacara. Solah bawa utawa obah sak obah aja nganti digawe-gawe, sing prasaja utawa lumrah lan ora kaku, pasuryan uga kudu grapyak sumanak, lan esem tansah sinungging ing lathi.
d. Basa
Basa sing digunakake kudu manut marang tuntunaning basa sing bener. Pamilihing tembung kang dironce (disusun) dadi ukara kudu bener lan pener, dadi bisa luwes anggone ngucap lan kepenak yen ta dirungokake para rawuh.
Rama Sudi Yatmana (1989:1) njlentrehake kanthi aran Saptama Pangolahing
Raga minangka syarat pranatacara, yaiku:
- (1) Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra, lan nyandhang penganggo kang trep, pantes, lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe.
- (2) Malaksana, mlaku-samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih, lan ora wigah-wigih, sarta ora ngisin-ngisini.
- (3) Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong.
- (4) Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gemeter, anteb lan anteng obahe awak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak, tangan kudu bisa nambahi cetha pada kang diucapake.
- (5) Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag-ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nanging uga ora katon grusa-grusu.
- (6) Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranatacara uga bisa gawe gumrengsenge swasana prasasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa.
- (7)Mawwat: anteb, manteb ngentasi purwa, madya, lan wasananing karya. Dadi
pranatacara kudu bisa ngendhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kang kececer keliwatan uwal saka rantaman.
Kejaba syarat-syarat kasebut, ana uga sangu penyengkuyung kang uga wigati, yaiku:
a. Mental: amrih mentale kandel kudu akeh gladhen, biasa ngadhepi wong akeh
(forum), siap materi.
b. Sekolah, kursus, maca buku bab pranata adicara.
c. Gladhen: pranatacara kudu sregep gladhen micara murih wegig lan besus micara.
d. Pangrengga swara (sound system): MC kudu sesambungan karo pangrengga
swara bab tata papan, urutan gendhing, sasmita gendhing, lsp.
e. Kasamaptaan (sumadhiya ing dhiri sawega ing gati): Pranatacara kudu siap sawanci-wanci ditimbali dening pawongan kang ngersakake murih ora nguciwani, samapta ing raga, busana, basa lan wicara.
f. Mitra tembayatan (relasi): kayata perias, Wedding Organyzer, catering, fotografer, lsp
Cengkorongan baku wicara pranatacara, yaiku:
(1) Pambuka:
a) Salam pambuka.
b) Sapa aruh marang tamu.
c) Muji syukur mring Pangeran.
(2) Maosake rantamaning adicara.
(3) Nyuwun agungan supaya para tamu kersa ngestreni adicara saka purwa, madya, tumeka wasana.
(4) Ngaturake adicara siji mbaka siji kanthi wijang.
(5) Panutup:
a) Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya).
b) Ndherekake ndedonga panutup.
(6) Salam panutup.
Tuladhane rantaman adicara adat:
a. Rantaman Adicara Kesripahan
(1) Ingkang sepisan, pambuka
(2) Ingkang kaping kalih, atur panuwun kulawarga
(3) Ingkang kaping tiga, atur bela sungkawa saking para takziah
(4) Ingkang kaping sekawan donga angkating layon
(5) Ingkang kaping gangsal panutup
b. Rantaman Adicara Penganten Prasaja (Sederhana/climen)
(1) Pambuka
(2) Atur Pambagyaharja
(3) Pasrah saha panampi calon penganten kakung
(4) Ijab qobul
(5) Sumene/ sigeg ( gantine tembung:stirahat)
(6) Pengaosan utawi wasitatama
(6) Pengaosan utawi wasitatama
(7) Panutup
Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks pranatacara kudu weruh pokok-pokok teks prantacara mau, yaiku:
(1) Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun” lan kang saemper.
(2) Puji syukur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad” (tumrap wong Islam), lan kang saemper.
(3) Sapa aruh. Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu undhangan.
Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tuwa nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
(4) Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang
ditindakake ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang. Ngenani adicara apa sing diangit dening pranatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane sarta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
(5) Panutup. Ing perangan panutup iki pranatacara ngaturake panuwun marang para
rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak. Salam panutup
Tuladha (1)
Pranata adicara pengantin (trah-atmosukartan-solo.blogspot.com/.../mc- pranatacara-pranata-ad... diakses tanggal 6 Juli 2016):
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning akrami.
Nyuwun panagapunten, dene kula cumanthaka sowan mangarsa, hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula ndherekaken sesarengan manungkul puja-puji-santi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan, rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa …. (Doso DH)…. sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
(1) Eka laksitagati, purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga.
(2) Dwi laksitagati, rawuh lan jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha.
(3) Tri laksitagati, pasrah-pinampi putra temanten kakung.
(4) Catur laksitagati, dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upacara krobongan
(5) Panca laksitagati, ndherek mangayubagyanipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha, tumunten kalajengaken upacara sungkem.
(6) Sad laksitagati, atur pambagyaharja panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu.
(7) Sapta laksitagati, lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatriyan.
(8) Hasta laksitagati, sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhong pudyastawa murih widadaning bebrayan.
(9) Nawa laksitagati, paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula dherekaken hangrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending-gendhing Jawi. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Tuladha (2):
ithinkeducation.blogspot.com/.../bedane-pranatacara-lan-pamedhar (Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Kangge Siswa SMP. Ponorogo: MGMP Basa Jawa.) Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Alhamulillaahirabbil’aalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa, wamaa kunnaa linahtadiyaa laulaa anhadanallah. Asyhadu anlaailaaha illallahu wahdahulaa syariika lahu, wa asyhadu anna Muhammadan ‘abduhuu warasuuluhu laa nabiyya ba’dah.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang
hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam- pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Para sarjana, para sujana-sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma.
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi. Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka pinangka jejering pambiwara, keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing dinten kalenggahan punika. Nun inggih panjenenganipun Bp A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang apeparing gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah. Mugi kaleksananing sedya ing dinten kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng nir ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binukaning
tata upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan garwa, ing ri kalenggahan menika ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya mawantu-wantu nyuwun pandonga saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri anggenipun Bapa A sekaliyan hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu ………………. Putra putrinipun Bapa A, ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus …………… putra kakungipun Bapa B ingkang lenggah wonten ing …….. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinten ……. wanci tabuh….. mapan ing ……………… (KUA atau rumah).
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara
ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih :
(1) Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana, kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban Pedukuhan Sanga, Karang ing mriki.
(2) Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet Waosan
Kalamullah ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Qur’anul Karim.
(3) Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe kaleksanan minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.
(4) Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
(5) Kasambet adicara ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama, ingkang
samangke badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun Bapa “H”
mligi kaparingaken dhateng putra penganten.
(6) Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangke hambok bilih badhe kapungkasi saksampunipun wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika. Mila awit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun para rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing dinten kalenggahan punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kaliyan urut reroncening tata upacara ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten kekalih badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu X ingkang sampun samekta ing gati, murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji.
Jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana binarung ungeling gendhing
ingkang jumbuh kaliyan suasana sowaning pinanganten. Nuwun sumangga.
Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna lampahing tata upacara sowaning risang penanganten, katitik putra kekalih sampun lenggah jajar kanthi kawistara suka rena kaampingi kekalih Bapa saha Ibunipun ing sasana rinengga. Suwasana menika mracihnani bilih laksitaning adicara sampun tinarbuka. Anamung murih lampahing adicara ing titi wanci menika wiwit purwa, madya dumugi wasananing pepanggihan tansah winantu ing karaharjan nir ing sambekala, iba saenipun ing ri kalenggahan punika kita tansah ndhedhepe wonten Ngarsanipun Gusti Allah SWT kanthi sareng-sareng ngunjukaken pandonga. Ingkeng menika, sumangga kita ndedonga kanthi nenuwun lan nyenyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmallah, kula dherekaken.
….Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih waosan Kalamullah, ingkang badhe kasarirani dening sedherek … Anamung keparenga sakderengipun, kasuwun dhumateng sagung para lenggah mugi kepareng hamidhangetaken saha ngraosaken dumugi lebeting manah suraosing Kalam Illahi minangka pandam saha pandoming tumrap ummat manungsa, kanthi kesdu munggel pangandikan sawetawis. Sakdereng lan saksampunipun kaaturaken agunging panuwun. Para lenggah kakung sumawana putri, adicara ingkang angka kalih nun inggih Waosan Kalam Illahi kasumanggakaken dhumateng sedherek ……………. Sumangga.
Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu ndadosaken tentreming manah kula lan panjenengan sedaya, saengga hanambah ayom lan ayeming suwasana pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.
Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi laksana adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bapa A sekaliyan ingkang hamengku gati. Anamung, awit keparengipun Bapa A sekaliyan, atur pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih sariranipun, nun inggih Bapa “D”. Dhumateng Bapa “D” kula sumanggakaken, saha mugi kepareng Bapa A sekalian kasuwun lengser sawetawis saking palenggahan, saperlu jumeneng hanjajari Bapa “D”. Sumangga.
Sampun cetha lan trawaca atur pambagyaharja saking Bapa A sekaliyan ingkang lumantar Bapa “D”. Ingkang menika, minangkani kepareng saha panuwunipun Bapa A sekaliyan, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis. Tumunten para putra
badhe sowan hangaturaken boja krami katur dhumateng sagung para lenggah. Awit saking menika, kasuwun dhumateng para tamu kakung sumawana putri ingkang sampun kaaturan unjukan sarta lampiran, kasuwun tumunten hanyekecakaken ngunjuk saha ndhahar kanthi merdu merdikaning penggalih.
Para lenggah ingkang tansah kinurmatan, kangge ngregengaken suwasana sarta pinangka sarana panglaras para lenggah anggenipun ngunjuk sarta dhahar, badhe kaaturaken pasugatan hiburan saking kulawarga ageng Paguyuban Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Wondene lampahing wekdal sumene sawetawis kaaturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa Sudarsa minangka pangesuhing Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, kaaturaken sugeng midhangetaken, sugeng nglaras
sinambi imbal wacana. Sumangga.
Sagung para lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah sinuba ing pakurmatan. Nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, keparenga wekdal sumene kula suwun kinarya hanglajengaken lampahing adicara.
Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka sekawan, kasuwun paringipun tanggap sabda saking panjenenganipun Bapa B sekaliyan ingkang badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bapa “C” minangka talanging pangandika Bapa B sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun Bapa “C” kula sumanggaaken, saha kasuwun keparenga Bapa B sekaliyan garwa angampingi jumenengipun Bapa “C” sadangunipun paring tanggap sabda. Sumangga.
Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bapa “C” minangka talanging basa Bapa B sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun Bp “E” minangka sulih sarira panjenenganipun Bp A sekaliyan. Ing wasana wekdal kasumanggakaken.
Para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan. Ndungkap adicara ingkang angka gangsal, paringipun wursitawara ingkang mirunggan kaparingaken dhateng putra pinanganten sarimbit lumeberipun dhumateng para lenggah. Sabdatama saha wursita aji kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bapa “H”. Wusana, wekdal sacekapipun kula aturaken. Sumangga.
Awit namining sedaya kulawarga, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapa “H” ingkang sampun paring sabdatama dhumateng risang pinanganten sarimbit. Ing pangajab, sadaya pangandika sageta tinuladha dening putra pinanganten, saengga putra kekalih anggennya gesang bebrayan tansaha manggih bagya mulya samenika dumugi saklami-laminipun. Aamiin.
Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan. Purnaning adicara sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan kasumenekaken sawetawis, kinarya kangge paring wekdal dhumateng para putra ingkang badhe hangaturaken pasugatan saklajengipun katur para lenggah.
Wekdal menika badhe kula aturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa Sudarsa saperlu ngregengaken suwasana kanthi ungeling lelagon saking Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha dhahar sinambi midhangetaken pasugatan lelagon rebana Paguyuban Kembang Setaman. Sumangga.
Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala. Ingkang menika, minangka pratandha paripurnaning adicara, sumangga sareng-sareng kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados, inggih awit sedaya kamirahanipun sampun paring rahmat saengga pahargyan prasaja menika tansah winantu karaharjan.
Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah, kula
dherekaken. …. Alhamdulillahirabbil’aalamiin.
Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu X saha para ingkang piniji, keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu kekalihipun tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing dinten kalenggahan punika sampun paripurna, sinartan sesanti jaya-jaya wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit binarung ungeling Ladrang Gleyong laras pelog pathet nem.
Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, lumantar pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bapa A sekaliyan ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang kirang wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang sela wader pari sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
B. WEDHARING PURWAKANTHI SAJRONE RANTAMAN PRANATACARA
Ing alam bebrayan Jawa purwakanthi ora mung tinemu sajroning kasusastran tulis nanging uga ing sastra lisan, basa lisan, tembang-tembang utawa gendhing Jawa. Tuladhane kang tinemu ing basa lisan, asring digunakake dening para pranatacara ing tradhisi-tradhisi Jawa. Upamane ing tradhisi mantu, ing pambagya harja. Petugas MC bisa milih tetembungan kang ngemu kaendahan, awujud purwakanthi. Purwakanthi guru swara, guru sastra, lan lumaksita kaangge bebarengan. Tuladha:
Nuwun para sepuh, tuwin para sesepuh, ingkang dahat pinundhi-pundhi, para
priyagung kakung miwah putri, ingkang satuhu pantes sinudarsana. Para rawuh ingkang sampun kapareng rawuh, ingkang bagya minulya (Hariwijaya,
2005:178).
Ing pethikan atur pangandikane pranatacara kasebut ngemu purwakanthi guru swara, yaiku tembung-tembung kang ngemu swara /u/. Tembung nuwun, sepuh, sesepuh, pinundhi-pundhi, priyagung, kakung, putri, satuhu, sampun, rawuh lan minulya. Purwakanthi guru sastra, tinemu tembung-tembung kang nggunakake konsonan /p/, ing tembung: para, sepuh, sesepuh, pinundhi-pundhi, priyagung, putri pantes, sampun, lan kapareng. Tembung-tembung kang ngemu konsonan /s/, tembung-tembung: sepuh, sesepuh, satuhu, pantes sinudarsana, lan sampun. Konsonan /h/, sepuh, sesepuh dahat, miwah, satuhu, lan rawuh. Uga aksara/ng/, ing tembung priyagung, kakung, ingkang, lan kapareng. Dene purwakanthi lumaksita, tinemu ing frasa kanthi mbaleni tembung /para/.
Tuladha liyane, ing pungkasaning atur adicara midadareni lan tebus kembar
mayang. pranatacara minangka pratandha yen adicara wis purna utawa rampung. Pethikane ing ngisor iki:
Para tamu ingkang sutresna, purwa, madya, wasana tumapaking karya ing dalu menika sampun kalampahan kanthi rancak kebak ing karaharjan. Kula minangka sesulih panjenenganipun Bapak Hadi Sasangka sarimbit, menapa dene sagung kulawarga, ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan ing ngarsa panjenengan, inggih awit saking sampun kapareng hanjenengi tata upacara midadareni ing dalu menika.
Para rawuh, Panjenenganipun Bapak Hadi Sasangka, ..... (Suwarno, 1998:70)
Pethikan adicara panutup ing adicara midadareni kasebut, ngemu purwakanthi guru swara, guru sastra, lan lumaksita. Purwakanthi guru swara kanthi mbaleni aksara swara /a/ ing tembung purwa madyawasana tumapaking karya ing dalu punika. Kalampahan kanthi rancak kebak karaharjan. Purwakanthi guru sastra ing tembung sesulih, sasangka sarimbit, saking sampun kapareng tanpa pepindhan, panjenengan, hanjenengi para, purwa, tumapak, sampun, kalampahan, panjenenganipun bapak, menapa panuwun, tanpa pepindhan, kapareng lan upacara. Tembung tembung kasebut ngemu konsonan /s/, /p/, /k/, lan /ng/ kang dibolan- baleni. Purwakanthi lumaksita tinemu ing tembung: Bapak Hadi Sasangka, panjenengan, panjenenganipun, lan hanjenengi.
DAFTAR PUSTAKA
Pringgadigda, Suwarna. 1998. Gita Wicara Jawi. Yogyakarta. Penerbit Kanisus.
Sastro Utomo, Sutrisno. 2005. Upacara Daur Hidup Adat Jawa. Semarang. Effhar &dahara Prize.
Sumber Internet:
(1) http://jihankismi.blogspot.com/2013/12/basa-rinengga-kanggo-pepaes- sastra.html
(2) http://www.kawuryan.com/?p=335,
(2) http://www.kawuryan.com/?p=335,
(3) (trah-atmosukartan-solo.blogspot.com/.../mc-pranatacara-pranata-ad...
(4) ithinkeducation.blogspot.com/.../bedane-pranatacara-lan-pamedhar
(5) (https://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&...,
(6) (ttps://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&biw=1366&bi
(6) (ttps://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&biw=1366&bi
h=657&source=... Diakses tgl 14 Juli 2016
23 Komentar
Buk kulo Silfi Handayani badhe tanglet Pripun carane supaya mboten ndredeg utawa grogi nalika dadi MC?
BalasHapusWow... Mbak Silfi...pitakonane apik tenan. Kui carane gampang. Sing penting kudu persiapane tenan. Wis nguasai materi. Lha mengko yen maju ndonga njur pikirane kudu anteng. Anggep wae sing kok adhepi kancamu dolan dadi ben pikiran ora grogi.
BalasHapusMaturnuwun buk
HapusBuk, pripun carane nutupi rasa isin utawa dredek waktu dadi pranatacara ing panggung?.
BalasHapusNgono kui perlu kerep latihan mbak. Saliyane kui kudu wis apal utawa menguasai isi kang bakal diandharake. Kanthi mengkono bisa ngurangi grogi.
HapusMatursuwun Buk.
BalasHapussami-sami
HapusBu, bilih wonten acara mantenan menika ngagem basa punapa?
BalasHapuskrama alus mbak amarga ngajeni karo para tamu
HapusKasripahan niku artine apa?
BalasHapusKesripahan kuwi padha karo layon utawa kematian
HapusBuk, npo bedane pranatacara kaliyan pamedhar sabda?
BalasHapusPrantacara kuwi uga diarani pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Nanging menawa pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah (mengemban tugas) mbabar sawijining perkarautawa narasumber. Ing tata upacara pahargyan temanten, pamedharsabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe. Jejibahan iku kaya dene, ngaturake pamedharsabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe.
BalasHapusBu, sikap tangan nalika dados MC becike kepripun?
BalasHapusBu kula nailah muazaroh badhe tanglet, maksud saking atur pambagyaharjo iku apa,
BalasHapusBuk,pawiwahan niku artine apa?
BalasHapusBu, mawwat niku napa ?
BalasHapusBuk rantaman niku opo
BalasHapusbu kulo fathin, badhe tanglet maksud saking amrih mentale kandel kudu akeh gladen niku nopo?
BalasHapusBuk, pripun carane ben saged lancar maos pas pranata cara?
BalasHapusSilvia Marcelina/12 BG 1
Buk kulo kulo fidyah suci badhe tanglet, ndherek mangayubagyanipun niku nopo?
BalasHapusBu Kulo rencani Imelda badhe tanglet, contoh subasita marang wong tuo
BalasHapusBu Kulo wuri nugraheni badhe tanglet, tegese tumapak niku nopo??
BalasHapus