CERKAK

Materi Cerita Cekak (Cerkak)

Cerkak inggih menika cekakan saking tembung cerita cekak. Cerkak menika mujudaken gegambaran cekak ngengingi lelampahan wiwit saking purwa, madya, lan wusana. Cerkak ugi mujudaken karya sastra ingkang ngemot piwulang, saengga saged kangge ngasah kalantipanipun ing bab kabudayan mliginipun budaya Jawi.


Titikanipun/tetengeran Cerkak:
  • Critanipun cekak
  • Prekawis ingkang dicariyosaken namung setunggal
  • Cacahing paraga namung sekedik
  • Paraga ingkang dipuncariosaken boten ngantos owah nasibipun.
  • Menawi dipunserat antawis namung 3-10 kaca.
Amargi cerkak minangka karya sastra, mila ing sajroning wonten unsur-unsur pandhapuking ingkang kapantha dados kalih, yaiku unsur instrinsik lan unsur ekstrinsik.

1. Unsur instrinsik cerkak yaiku: unsur ingkang mbangun cerkak saking salebeting cerkak, ing antawisipun:


  • Tema yaiku undering perkara/ saripatine prakara ingkang dipunandharaken utawa ingkang dipuncariosaken.
  • Paraga (tokoh) yaiku tiyang ingkang maragani carita. Paraga wonten 3 werna yaiku paraga utama (protagonis), paraga mungsuh (antagonis) lan paraga tambahan (tritagonis).
  • Watak (penokohan) yaiku wataking paraga siji lan sijinipun ing sajroning carita.
  • Alur/plot yaiku lakuning carita utawi urut-urutanipun carita. Alur wonten 3 werna yaiku alur maju (progresif), alur mundur (regresif/flasback) lan alur campuran.
  • Latar/setting yaiku perangan ingkang mratelakaken papan, swasana utawa wektu kelakonipun kedadean ing crita kasebut.
  • Sudhut pandhang (point of view) yaiku kalungguhaning pangripta ing sajroning carita.
  • Lelewa basa yaiku basa ingkang dipunginakaken pangripta ing sajroning carita.
  • Amanat/pesen yaiku pesen utawa piweling ingkang badhe dipunaturaken dening pangripta marang pamaos, utawi pesen ingkang sinandhi ing crita kasebut.

2. Unsur ekstrinsik cerkak yaiku: unsur ingkang mbangun cerkak saking sajawinipun cerkak, ing antawisipun:
  • Agama.
  • Ekonomi.
  • Sosial.
  • Pendhidhikan.
  • Budaya


KIDUNG GURU ANYARAN 
Dening Arfa D. Nugroho





Mulih saka sekolahan Honda Prima lawas tak enggokake menyang bengkele Simon. Wis pirang-pirang ndina iki rantene nyuwara krag-kreg, tandhane yen wis njaluk ganti sing anyar. Simon mono kanca raketku nalika isih SMA. Senadyan wis jarang kepethuk, nanging paseduluranku isih raket kaya rikala jaman SMA. Malah yen nyeluk ya mung kowa-kowe ngono wae, ora tau basa.

“Weh Pak Guru anyaran rek... Nyapa motormu?” pitakone Simon saka walike etalase sing isine ondherdhil.

“Rante Mon, wis njaluk ganti anyar ketoke.”

“Sing apik apa sing biyasa?”

“Sing apik pisan wae Mon, supaya awet saben dina tak gawe munggah gunung.”

Aku banjur Iungguh ing lincak sandhinge motorku sing lagi diganti rantene. Ing kono ana wong lanang rada tuwa. Dheweke sajak sinis marang aku. Kawit aku teka mau dheweke nyawang manther sajak ora ngepenaki. Apa sebabe dheweke katon sengit, aku ora mudheng.

“Nuwun sewu Pak, ndherek lungguh,” ujarku karo mapan lungguh ing sisihe.

“Mas, dadi PNS kuwi kepenak ya?” takone wong kuwi keprungu sengak.

“Nggih yen dipun sebat sekeca nggih sekeca, yen dipun sebat sisah nggih sisah Pak,” semaurku alus.

“Yen jare aku ya kepenak Mas, wong dhuwit teka dhewe saben wulan. Hm, nanging emane kuwi dhuwit saka anggone meres kringete wong-wong cilik kaya aku ngene iki .“

Yen wis ngene iki atiku wiwit ora jenjem. Ana wae wong sing suudzon marang PNS kaya aku. Kerja wis rekasa, gaji ora sepira. Wis dililak-liIakake iklas nyambut gawe kok ya isih dipaido uwong.

“Lha ora kepriye Iho Mas, delengen ta. Pajeg saka buruh kaya aku ngene iki banjur dipurak wong ndhuwuran Ian didum-dumake marang wong-wong kaya sampeyan kuwi,” wong iku mbacutake.

“Lho, PNS menika rak abdinipun nagari. Nyambut damelipun kagem kamakmuranipun rakyat. Kula guru SD. Otomatis kula nggih nyengkuyung majengipun bangsa kanthi mucal lare-lare SD,” atiku wiwit kebrongot nanging isih tak ampah.

“Makmur? Makmur saka ngendi ta Mas? Yen makmur, nyapa aku kok isih dadi buruh wae? Wis ta. Sing jenenge PNS kuwi bisane mung ngentek-ngenteki dhuwite rakyat.”

“Nuwun sewu, penjenengan ngendika dados buruh. Buruh menapa Pak?” aku isih bisa kalem senadyan ngempet emosi sing wis meh teka mbun-mbunan.

“Aku buruh tani,” wangsulane wong kuwi tetep atos.

“Lha, ingkang mbayari njenengan sinten?”

“Ya bose ta Mas. Wong bosku juragan Iemah.”

“Lha dalah. Sami Pak. Njenengan buruh tani sing mbayari juragan Iemah. Lha kula menika senajan PNS nanging ugi buruh Iho Pak.”

“Kok isa buruh Mas? Sampeyan kuwi guru, rak padha karo bose murid-murid kuwi.”

“Kula niku buruhe negara Pak. Sing mbayari nggih bos. Lha Bos kula nggih negara niku.”

“Oke sampeyan uga dadi buruh, Senajan buruhe negara. Nanging dhuwit blanjane sampeyan kuwi saka sapa Mas? Saka pajege rakyat ta?”

“Panci leres ngendika panjenengan. Nanging pajeg menika rak wangsul kangge rakyat malih. Saking rakyat, dening rakyat, Ian kagem rakyat. Contonipun kagem rakyat nggih menika kagem ragad minteraken warga negari kanthi ngginakaken tenaga guru kados kula. Dene sumberipun ragad menika mawarni-warni. Mboten namung saking pajeg kemawon, nanging ugi saking asil sadeyan dhateng manca negari ingkang dipun wastani ekspor. Lan malih Pak, rejeki niku sampun wonten ingkang ngatur. Kula PNS. Njenengan buruh tani. Niku sampun wonten ingkang ngatur Pak. Nggih Gusti Ingkang Akarya Jagad. Napa leres ta, menawi kita boten syukur mring menapa ingkang sampun dipun paringaken Gusti dhumateng kita?”

“Dadi sampeyan ngelokne aku ora syukur Mas? Ngertiya Mas. Apa sing tak pangan kanggo sesuk wae isih golek dina iki. Ya yen oleh rejeki ora apa-apa, yen ora oleh ya ora mangan. Coba dadiya buruh tani kaya aku Mas. Njajala urip rekasa saben dina nggarap sawahe wong Iiya sing dudu sanak dudu kadange sampeyan. Dhuwit mung cukup kanggo mangan thok, ora bisa tuku apa-apa maneh.”

Satemene aku ya welas marang wong kuwi sing riwayate ora beda adoh klawan wong tuwaku. Rikala aku isih sekolah, paribasan wong tuwaku jungkir walik nggolekake ragad nganti aku bisa kuliyah Ian dadi guru kaya saiki. Apa maneh lawuh iwak, saben dina njangan asem wae susah. Yen anane blendrang dina wingi, ya kuwi sing dipangan. Nanging aku uga kudu njawab panemune wong kuwi. Amarga iki ya harga dhiri.

“Pak, nuwun sewu nggih. Napa sekeca ta njenengan nyawangi pakaryane tiyang sanes? Njenengan nyawang guru. Guru nyawang Kepala Sekolah. Kepala Sekolah nyawang Pengawas Sekolah. Lajeng nyawang UPTD, Kepala Dinas Kabupaten, Propinsi, Kementrian, Presiden. Nginggilipun taksih wonten Gusti Allah.

Nginggilipun langit taksih wonten langit Pak. Mboten wonten telase. Langkung prayogi njenengan narimah ing pandum. Nggih niku rejekine njenengan. Lek pun syukuri nggih dados ayem.”

Tak enteni sauntara suwe, wong kuwi ora semaur. Dheweke mung ndhingkluk ora nyawang maneh marang aku.

“Pak Ropiq, titihane sampun rampung. Rantene pancen sampun aus sanget Pak,” karyawane Simon ngundang aku.

Aku banjur mlaku nuju etalase sing uga dadi kasir sing pernahe rada mlebu omah. Dhompet tak tokne saka sak clana mburi sinambi ndudut dhuwit puluhan ewu sawatara lembar. Dumadakan aku krungu celathune wong kuwi neng mburiku.

“Olehe dhuwit asil korupsi wae kok wani-wanine ngguroni!”

Lakuku kandheg. Sanalika awakku kaya dirubung semut pudhak, pyur... kupingku wis abang mbranang krungu pocapane wong kuwi. Getih sing maune wis lerem banjur umob Ian pecah ambyar ing mbun-mbunan. Sanalika uga, tangan kiwaku nyandhak gulon hem irenge wong kuwi. Tak candhak kenceng. Banjur tangan tengenku wis ngepel sarosane ing sandhing kuping kanggo ngantem pilingane wong kuwi. Aku ora nggatekne wong sing bengok-bengok ing mburiku. Menawa wae nglerem supaya akur.

“Balenanaa I! I” bengokku sora. “Lek pancen kowe lanang, balenana’!!”aku wis ora sranta tenan marang wong kuwi.

“Aku kok arani yen ngentekake dhuwit negara, aku isih bisa sabar. Nanging yen kok arani korupsi, aku ora trima !Ngertiya Pak! Rumangsamu dadi guru kuwi penak? Saben isuk budhal menyang SD Karangpucuk sing pernahe ing pucuk gunung Argomukti. Kuwi mono tak lakoni kanggo minterake anak-anake wong liya! Lek kowe nduwe anak, sing mulang sapa??? Aku mung pegawe golongan III A. Lagi setaun angkatan CPNS. Gaji resikku mung sayuta luwih sithik. Anakku isih cilik, bojoku ora nyambut gawe. Deloken motorku kae! Deloken...!! Prima taun sangang puluh. Arep kredhit motor anyar ora cukup! Kamangka saben dina munggah gunung! Ewa semono kowe isih wani ngarani aku korupsi!! Urung tau dijotos uwong kowe??”

“Piq Piq, uwis Piq. Uwis Piq,” Simon nyandhak sikutku sing lagi pasang kanggo njotos wong kuwi.

“Pak Our, muliha! Aja nggawe kisruh neng kene! Mulih kana!” Simon nguculi tanganku sing isih nyandhak gulone wong kuwi.

“Kowe kenal ta sapa wong kuwi mau?” Senadyan isih mangkel aku takon marang Simon.

“Kuwi mono Dursaleh, pernahe isih paklikku dhewe. Kawit cilik dheweke duwe gegayuhan kepengin dadi PNS. Biyen dheweke gagal anggone nglamar kuliyah neng Perpajakan, mula dadi gendheng tumekane saiki.”

“Wooo... pantes.”

Sawise mbayar, aku gage mulih. Sejatine neng njero atiku isih mangkel. Nanging kepriye maneh, jenenge wae wong gendheng ya ora kena dipaido.

Sing dadi pangeling-elingku ya kuwi omongane wong gendheng mau. “Nanging dhuwit gajine sampeyan kuwi saka sapa Mas? Ora liya ya saka pajege rakyat.” Satemene yen tak pikir ya pancen bener.

Saka pajege rakyat. Nanging senajan aku digaji, saperangan gajiku ya dipotong pajeg maneh dening negara. Dadi ya padha wae sejatine, padha-padha buruhe. Hehehe.

Rumangsaku, anggonku kerja iki wis ikhlas lillahi taala. Tak rewangi munggah mundhun gunung Argomukti sabendina, weteng ngelih ora tak gawe rasa. Lelakon kuwi mono ya mung arep ngayahi tugasing negara minangka guru olah raga. Saben esuk playon karo bocah — bocah sing lucu tur isih lugu nganti awak gumobyos. Nanging kabeh mau tak anggep hiburan sing nengsemake. Apa maneh yen nyawang anak bojoku padha bungah nalika mapag aku mulih. Rasane neng ati anyles banget. Seneng banget senadyan kerja mung numpak motor butut Ian omah sing prasaja durung lepan kae. Muga-muga asil kerjaku dadi guru sasuwene iki bisa mbarokahi tumrap kulawargaku. Amin.

(Cunthel)




Panjebar Semangat No. 50- 14 Desember 2013








56 Komentar

  1. Bu badhe tanglet, pripon carane ben saget paham kaleh bacaan cerkak

    BalasHapus
  2. Kudu diwaca dhisik lan dipahami tetembungan kang angel utawa durung mudheng supaya ngerti isine. Niki mbak sinten nggih???

    BalasHapus
    Balasan
    1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

      Hapus
    2. Kulo pawit jumrah handziyah, oh njeh bu, matur swun sanget

      Hapus
  3. Kulo Ana Irwanti Kelas TB 2, materine sae, sampun enten critane basanipun gampil dipahami

    BalasHapus
  4. Bu Kulo Lilis endang safitri 12busana 2 Bade tanglet,saking pundi inspirasi ndamel cerkak niku?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kudu ngeningake pikir dhisik supaya entuk inspirasi. Bisa uga ngeling-eling kedadeyan jaman biyen mbokmenawa critane becik digawe cerkak. Bisa uga kisah nyata nggone kanca utawa sedulur. Yen wis kelingan enggal-enggal ditulis ing buku alur critane kareben ora lali.

      Hapus
  5. Leres sanget bu cerkakipun, benjang diunggah malih nggih bu cerkak ingkang warni warni cerito. Matur suwun

    BalasHapus
  6. Kulo muridipun Bu Sukis.Nadia kelas 12TB2 remen kaliyan ceriyosipun lucu ananging nggadahi pesen

    BalasHapus
    Balasan
    1. Maca crita cekak iku akeh guna paedahe mbak, amarga akeh piwulang ing njerone.

      Hapus
  7. Bu Niki Kulo Gita Puspita Sari kelas badge12 busana 2 tanglet, Niku bahasane Kulo mboten paham?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kudu kerep maca lan takon sing ngerti basa Jawa ya mbak, kareben basa Jawa lestasi nang anak putu...

      Hapus
  8. Sae buk,,, kula remen kalih conto cerkak e. Benjang malih conto cerkak e dipun tambahi maleh nggih,,,,
    (Mia dwi utami14/Xlltb2)

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nggih mbak... sugeng maos mugi-mugi nambah wawasan.

      Hapus
  9. Kula Widia Aprilianingsih, leres sanget bu cerkakipun, benjang diunggah malih ingkang cerkak warni warni cerita, matur suwun bu.

    BalasHapus
  10. Pns niku nggeh gajine saking pajege rakyat, nanging yan diarani korupsi yo salah.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Leres... PNS nyambut damel ugi tanggel jawab kaliyan jejibahanipun pramila pantes ugi pikantuk opah anggenipun makarya. Dados beda kaliyan korupsi. Korupsi niku mboten nyambut damel nanging mendhet gadhahanipun rakyat!!!

      Hapus
  11. kulo adhiva dinda cerkakipun sae sanget bu👍, materine uga gampang dipahami.

    BalasHapus
  12. Bu kulo Erma Kusumaningrum kelas 12 busana 2 badhe tanglet menawi ndamel cerkak niku kudu dowo nopo mboten?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Mboten mbak. Damel cerkak kurang luwih cacahe tembung antarane 1.000 tekan 2.000 tembung

      Hapus
  13. Kula Latifatuz Zahro kelas XII Tata Busana 2

    Leres sanget bu, Ngapunten kulo badhe tanglet menawi unsur ekstrinsik niku kulo kirang paham bu. Menawi luwih sae yen penjelasan wonten unsur ekstrinsik ditambahi bu😊. Maturnuwun

    BalasHapus
    Balasan
    1. O nggih. Bu Kis kesupen, benjang bu Kis tambahi malih materi unsur ekstrinsikipun.

      Hapus
  14. Bu kulo yeti apri badhe tanglet maksude saking kata kata "kalungguhaning pangripta" niku nopo nggih bu?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kalungguhaning pangripta tegesipun "kedudukan penulis" ing cerkak kasebut mbak. "sebagai orang pertama, kedua atau ketiga".

      Hapus
  15. Kulo sinta Ajeng bade tanglet napa bedanipun cerkak kalih cerbung?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Bedane cerkak karo cerbung yo katon cetha ing cacahing tembung lan isine. Yen cerbung luwih akeh tetembungane tinimbang cerkak. Sakliyane kui ing cerbung critane ora langsung bisa dingerteni "ending" e amarga kudu diterusake maneh ing crita candhake/ selanjutnya.

      Hapus
  16. Kulo Nuril Faizah kelas 12 busana 2 .cerkakipun sae,saged damel conto masyarakat menawi pegawai PNS menika sami kados buruh,bentene sing gaji niku pemerintah

    BalasHapus
    Balasan
    1. Leres...dados menawi mboten dados PNS mboten sah minder hehe...

      Hapus
  17. Cerkak menika ngandhut amanat kang sae :-)

    BalasHapus
  18. Kulo Nur Hayati TB 2 contoh cerkakipun sae buk, basanipun gampil dipun pahami.

    BalasHapus
  19. Sampun sae cerkae mugi mugi manfangat kangge tiyang ingkang maos cerka niki
    M. Arwani
    12 TB 2
    15
    matur suwun

    BalasHapus
  20. Ceritane sae sanget bu, semangat nulis kangge materi liyane. Salam, aisyah

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nggih mbak. Maturnuwun sampun mlebet blog menika.

      Hapus
  21. kulo Galuh Anggraeni kelas 12 busana 2 badhe tanglet anggenipun ndamel cerkak niku wonten prolog lan epilog mboten?

    BalasHapus
    Balasan
    1. istilah prolog utawa pambuka crita lan epilog utawa panutup crita kui ana ing sandiwara mbak. Beda karo ing cerkak istilahe.

      Hapus
  22. Bu badhe tanglet, sudut pandhang napa kemawon kang dipungunakake wonten cerkak?
    Nuroh XII TB 2

    BalasHapus
    Balasan
    1. Sudut pandang yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita. Yen pangripta melu ing sajroning kedadeyan sing dicritakake, tegese pangripta kalebu pamawas (sudut pandang) wong kapisan : pangripta cerkak bisa uga dadi paraga utama bisa uga paraga tambahan (sampingan). Menawa pangripta amung nyritakake wong liya lan dheweke ora dilibatake ing sajroning crita, tegese dheweke nggunakake pamawas (sudut pandang) wong katelu.

      Hapus
  23. Kula Clarisa TB 2, bade tangklet yen ngarang cerkak niku inspirasine angsal saking pundi nggih buk? Matur suwun.

    BalasHapus
  24. Bu, kulo ika setiyani kelas XII TB 2.. cerkak e sae sanget,, benjang maleh damel cerkak malih nggih bu.. Matursuwun bu..

    BalasHapus
  25. Bu kula eva badeh tanglet pinten jumlah maksimal damel paraga img cerkak?

    BalasHapus
  26. Kula Nanda Septiyan kelas XII TB 2
    Cerkak punika sae sanget,amargi amanate sanged kangge cah sekolah utawa masyarakat...

    BalasHapus
  27. Kula Ika Setiyani. Kelas XII TB 2.. cerkak ingkang ibu damel sae sanget,, kulo remen maos cerkak.. Benjang damel cerkak malih nggih bu..

    BalasHapus
  28. Kulo devi dian safitri kelas 12 busana 2 smk negeri 3 purworejo. Kulo kagum kaliyan cerkak dening Arya D Nugroho menika. Amargi cerkak menika ngandut motivasi urip ingkang sae, kangge conto, ing duwur langit isih ono langit. Dadi dewe kudu mensyukuri opo sing dewe duweni. Mergo rezeki uwes ono sing ngatur.

    BalasHapus
  29. Kula vita rahmawati sae bu cerkakipun di tenggo cerkak saklajengipun nggih bu��

    BalasHapus
  30. Kula vita rahmawati sae bu cerkakipun di tenggo cerkak saklajengipun nggih bu��

    BalasHapus
  31. Kulo Rostiani putri 10 kc1
    Nilai nilai kang kamot sajroning cerkak iku apa ae

    BalasHapus
  32. Apa tegese ondherdil?
    -Rini annisa rahmawati x kc 1

    BalasHapus