SESORAH

Sesorah utawa pidhato yaiku micara utawa nglairake gagasan, panemu saran lisan ing sangarepe wong akeh.Ing materi sesorah pidato basa jawa menika. Synaoo.com badhe medharaken pengertian sesorah, jenis-jensi sesorah, tujuane sesorah, struktur sesorah dan contoh sesorah.










Jinising Sesorah

1. Sesorah lan medhar sabda : sipate umum tumrape maca ing ngarepe wong akeh.

2. Ular-ular/ wasita adi : ababagan keutaman, pitutur becik, lan sapanunggalane.

3. Pambagyaharja : kanggo nampa tamu.

4. Tanggap sabda : kanggo nanggepi ature pambagyaharja.

5. Khotbhah : babagan agama.



Ancas utawa Tujuane Sesorah

1. Atur Pambagya : Sesorah kanggo nampa rawuhe para tamu kang ana ing acara.

2. Atur Kabar/Pawarta : Sesorah kanggo ngaturake kabar kang arupa palapuran utawa nyritkake sawijining bab marang pamiarsa.

3. Atur Lelipur (Hiburan) : Sesorah kanggo aweh panglipur kanti ancas supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe.

4. Ngengajak : Sesorah kang sipate ajak-ajak supaya sing ngrungokake percaya banjur kepencut lan melu nglakoni apa kang diwedharake ing sesorah.
Ratamane/Urut-Urutane Sesorah

1. Salam Pambuka : Uluk salam miturut agama kang dianut.

2. Purwaka : Ngemot atur pakurmatan, ngonjukake puji syukur marang Gusti, atur panuwun marang tamu.

3. Surasa basa (isi) : Wose sesorah, bisa tanggap wacana bisa pambagyaharja, uga bisa sesorah liyane. Isine underan bab kang diwedhrake.

4. Dudutan : Ringkesan isineng sesorah.

5. Pangarep-arep lan pesen : bab-bab kang dipesenake kanthi anane sesorah kang diwedharake.

6. Wasana Basa (Panutup) : Atur panuwun lan nyuwun pangapura tumprap sekabehe kaluputan marang sesorah kang diwedhrake.

7. Salam Panutup : Wujude atur panutup.


Metodhe sesorah ana papat, yaiku:

  1. Metodhe Naskah, yaiku sesorah kanthi maca sawutuhe naskah utawa teks sesorah kang wis gawe sadurunge. Methode iki biasa digunakake ing adicara resmi kayata pidhato kenegaraan, upacara mengeti dina nasional. Nanging uga bisa digunakake dening wong kang lagi gladhi. kaluwihane sesorah bisa runtut, kekurangane kurang komunikatif.
  2. Metodhe Apalan, yaiku sesorah kanthi ngapalake naskah utawa teks kang wis digawe. Metodhe iki biasane digunakake dening wong kang lagi anyaran paring sesorah utawa isih gladhi. Kaluwihane bisa ngandharake dhewe, kekurangane kurang komunikatif luwih-luwih yen ana sing lali.
  3. Metodhe Ekstemporan, yaiku sesorah kanthi gawe catethan bakune/pokok-pokoke sesorah. Metodhe iki biasane digunakake dening wong kang prigel sesorah. Kaluwihane bisa runtut lan komunikatif.
  4. Metodhe Impromtu, yaiku sesorah kanthi dadakan/spontan. Metodhe iki biasane digunakake dening wong kang prigel sesorah.
Urut-urutane sesorah

  1. Supaya anggone sesorah runtut prayogane nggatekake urut-urutane sesorah kaya ing ngisor iki:
  2. Purwaka, isine salam pambuka, atur pakurmatan, muji sukur marang Gusti, lan matur nuwun marang tamu kang kersa rawuh.
  3. Isi/wigatining atur, isine bab-bab kang diaturake, umpamane atur pambagya supitan, syukuran, wakil kulawarga ing mantenan, lsp.
  4. Panutup, isine dudutan (simpulan), pangarep-arep (harapan), atur panuwun, lan nyuwun paangapura sarta salam panutup. 
 Ancase sesorah:

  1. Atur pambagya, sesorah kanggo nampa tamu
  2. Atur kabar/informasi/pawarta
  3. Atur panglipur/hiburan
  4. Atur pangajak
 Jinis sesorah

  1. Sesorah lan medhar sabda, yaiku tetembungan kang digunakake kanggo apa wae kang sipate umum tumprape micara ing sangarepe wong akeh.
  2. Ular-ular, wursitawara, wasitawara, yaiku sesorah kang ancas lan isine babagan kautaman, pitutur, lsp.
  3. Atur pambagyaharja, yaiku sesorah kang ancas lan isine kanggo nampa rawuhe para tamu.
  4. Tanggap wacana, yaiku sesorah kang ancas lan isine kanggo nanggapi ature pambagyaharja.
  5. Khotbah, yaiku sesorah kang ancas lan isine mligi babagan agama.


Cara Maca Sesorah

1. Maca : nindakake sesorah kanthi maca teks kang wus disiyapake sedurunge.

2. Ngapalake : Nyiapake teks sesorah kang jangkep luwih dhisik sedurunge nindakake sesorah banjur diapalake.

3. Ekstemporan : Nyepakake tulisan kang dadi ragangan/cengkrongane sesorah.

4. Impromptu : Nindakake sesorah tanpa ana persiyapan apa-apa.


Kang Perlu digatekake Nalika Maca Sesorah

1. Basa
Basa kang digunakake kudu cocog/laras karo apa sing diadhepi.

2. Busana
Menawa sesorah prayogaen migunakake busana kang becik lan sopan.

3. Swara
Wiramaning swara sing kepenak dirungu, ora kebanteren lan ora kelonen.

4. Solah bawa/tindak-tanduk
Solah bawane wong sesorah kudu manteb, lan teteg, madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja ndingkluk lan aja ndangak.



Tuladhane Sesorah:




<iframe width="560" height="315" src="https://www.youtube.com/embed/YUynuQkVyD4" frameborder="0" allow="accelerometer; autoplay; encrypted-media; gyroscope; picture-in-picture" allowfullscreen></iframe>

TULADHA ATUR PASRAH PANAMPI PENGANTEN



Aturipun Panatacara
Badhe Upacara Pasrah Temanten
Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah, wondene ingkang kepareng hamasrahaken panjenenganipun
Bp ___________ minangka sulih salira panjenenganipun
Bp ___________ (ingkang mengku gati, menawi temanten saking wisma palereman) Bp ___________ (Besan, menawi putra temanten saking dalemipun piyambak).
Wondene ingkang piniji hanampi panjenenganipun Bp ___________ jumenengipun Bp ___________ ingkang kepareng hanjajari panjenenganipun Bp ___________ ingkang sarta
Bp ___________ hambok bilih sampun samekta ing samudayanipun saha swasana kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji, sumangga nun nuwun.


Atur Pasrah Temanten Kakung
Assalamu alaikum Wr. Wb.
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bp ___________ (ingkang nampi) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (besan) kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus ___________ mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu ___________ (ingkang mengku gati).
Wondene kalampahanipun mekaten, kala wau wanci tabuh ___________ temanten kakung kula pendhet saking dalem ___________ (alamatipun besan), saking wisma palereman (menawi sampun kapondhokan) kanthi kairing para sepuh, kulawangsa sanak kadang pawong mitra sawetawis, kula bekta / kanthi sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancar rahayu wilujeng nir ing sambekala.
Pramila ngemban dhawuh ___________ wigatosing sedya, keparenga hing mangke temanten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng panjenengan minangka sulih saliranipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) cundhuk kalihan lampahing adicara.
Ing wasana hambok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang ndadosaken pirenaning penggalih mugi diagung pangaksama panjenengan, nuwun, nuwun maturnuwun.
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Aturipun Panatacara Sasampunipun
Pasrah Temanten Kakung Ngancik Panampi
Nun inggih, paripurna atur pasrah temanten kakung panjenenganipun (ingkang pasrah) gya tinampi panjenenganipun Bp ___________ (ingkang nampi) minangka talanging basa panjenenganipun
Bp ___________ (mengku gati) ing wasana wekdal kasumanggakaken.

Nuwun.

Atur Panampi Pasrah Temanten Kakung
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun Bp ___________ (ingkang pasrah) ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan ageng ingkang sinuba ing pakurmatan.
Nun inggih saderengipun kula nampi wosing gati rawuh panjenengan kanthi hangirid para kadang panekaring putra temanten kakung, mboten kekilapan kula ugi ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti purbaningrat, awit panjenengan sadaya dalasan kula tansah dipun keparengaken kempal manunggal saperlu netepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan ageng, mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa tansah paring suka basuki rahayu ingkang sarwi ginayuh.
Panjenengartipun Bp ___________ (ingkang pasrah) menggah lekasing pangandika panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi sae, handadosaken suka bingahing manah, salajengipun badhe kula aturaken dhumateng panjenengariipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) karana badhe kapanggihaken miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun sinengker, mugi laksitaning upacara panggihing putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing sambekala sarta karoban sihing Gusti ingkang Maha Agung. Pungkasaning atur kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp ___________ (mengku gati) tansah tumadhah lubering pangaksama, karana kiranging suba sita, kalentuning basa sastra anggen kula matur kalebet anggen kula nampi panjenengan sarombongan.
Kajawi saking punika panjenengan sarombongan taksih kula suwun hanjenengi panggihing sri penganten ngantos dumugi purnaning pawiwahan ing wekdal punika.
Ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb.

Aturipun Panatacara Sasampunipun
Pasrah Panampining Putra Temanten Kakung
Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja nir ing sambekala.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji manggihaken putra temanten nun inggih Ibu ___________ minangka panganthining putra temanten putni Ibu ___________ ingkang sarta Ibu ___________ wondene ingkang nyamektakaken uba rampening panggih Ibu ___________ dhumateng panjenenganipun Ibu ___________ minangka pangembaning sekar cepaka sasele mugi keparenga hamapag jengkaning putra temanten putri saking sasana adi, jengkaring putra temanten putri ingkang sarta panggihing putra temanten sekaliyan binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken Ketawang Larasmaya, laras pelog pathet barang sumangga, nuwun.





YOGYAKARTA TETEP ISTIMEWA
Dening : Elida Fadhilatul Latifa (XII Aksel/05)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun.

Ingkang kinurmatan Ibu Triwik Damarjati,Ibu Kinanti saha para kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin, sumangga kula panjenengan angaturaken puja pangalembana wonten Ngarsa Dalem Gusti Alloh SWT, ingkang sampun paring nugraha, rahmat, saha berkah kangge panjenengan satemah kula panjenengan saged pepanggihan wonten ing papan punika kanthi widada, wilujeng nir ing rubeda kalis ing sambekala.

Saklajengipun wonten ing wekdal punika, keparenga kawula badhe angaturaken sesorah, kanthi irah-irahan “Yogyakarta Tetep Istimewa”.

Sagung para lenggah ingkang mahambeg berbudi utami. Punapa sebabipun Yogyakarta punika dados daerah ingkang istimewa? Kasinggihan, Yogyakarta pinangka daerah ingkang istimewa amergi anggadhahi mapinten-pinten alesan. Ing antawisipun:

Yogyakarta pinangka papan pasinaon. Sampun kaloka bilih para mudha saking saindenging tlatah nuswantara sami kepingin ngangsu kawruh lan ngudi ngelmi wonten ing kitha menika. Kanthi mekaten kathah para mudha saking Aceh, Batak, Minang, Melayu, Sunda, Dayak, Ambon, Bali menapa dene Papua ingkang mapan wonten ing Yogyakarta saperlu ngangsu kawruh lan ngudi ngelmi.

Yogyakarta pinangka sumbering kabudayan Jawi. Para Tamu tartamtu sampun pirsa bilih Ngayogyakarta Hadiningrat pinangka Kraton, pramila wonten ing mriki basa jawi, unggah-ungguh, adat kabudayan, tata krami saha seni tradisi tansah dipun uri-uri amrih lestantun, ngrembaka lan mekaring kabudayan Jawi.

Yogyakarta ugi kaloka pinangka kitha pariwisata, saengga kathah wisatawan manca negari saha wisatawan nuswantara ingkang kepingin mriksani kaendahanipun papan-papan wisata ing Yogyakarta, linangkung wisata kraton Yogyakarta lan Pakualaman. Para wisatawan menika ugi kepingin angraosaken gudheg ingkang mirasa saha mundhut batik kagem angsal-angsal.

Saklajengipun ingkang langkung wigatos, kitha Yogyakarta menika pinangka kitha perjuangan ingkang anyengkuyung jejeging Negara Kesatuan Republik Indonesia. Ing jaman perjuangan, ingkang dipun pandegani dening ingkang sinuwun Sultan Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping sanga lan Kanjeng Gusti Paku Alam ingkang jumeneng kaping wolu.

Ing tanggal 4 Januari 1946, rikala RI nembe ngancik kawan wulan saking merdika, Walanda kepingin njajah malih negari Indonesia kanthi mbonceng pasukan Sekutu. Medan lan Palembang sampun dipunkuasani dening Sekutu. Gendera Walanda dipunkibaraken malih ing Jakarta. Semanten ugi Semarang lan Surabaya, inggih sampun dipunkuasani dening Sekutu.

Sultan Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping sanga lan Kanjeng Gusti Paku Alam ingkang jumeneng kaping wolu nyawisaken Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat lan Kadipaten Pakualaman pinangka papan kagem para pemimpin Indonesia supados rancak angendali punjering pemerintahan RI saking Yogyakarta. Sejarawan paring katerangan bilih Sultan Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping sanga maringaken redana langkung saking gangsal yuta Gulden kangge lumampahing pemerintahan RI saking Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing antawisipun kangge Kantor Presiden ingkang mapan ing Gedung Agung, kangge logistik prajurit RI saha kangge “biaya hidup”wragad para pemimpin Indonesia.


Kanthi mekaten, kasinggihan Yogyakarta menika boten namung istimewa daerahipun ananging ugi istimewa warga masyarakatipun. Cundhuk kaliyan keistimewaan-keistimewaan kala wau, sampun sakmesthinipun bilih kula panjenengan pinangka warga masyarakat Ngayogyakarta Hadiningrat rumaos bombong lan mongkog. Pramila Kula panjenengan ugi kedah ndherek njagi saha nglestatunaken keistimewaan kasebat.

Sagung para lenggah ingkang minulya. Mekaten menggah sesorah ingkang saged kula aturaken. Mugi punapa ingkang kula aturaken punika wontena mupangatipun kangge pribadi kawula sumrambahipun kagem para tamu.

Dara mabur, medhun nang wit sukun
Kula matur, sampun, lan matur nuwun….

Cekap sementen wedharan materi babagan sesorah saking Synaoo.com.

Mugi-mugi materi menika saged manfaat kangge kanca-kanca sedaya.

Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb

Link Kuis:
<iframe src="https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfmpbJskPEHlnn09ej9tzJNSfeisyctra3rErwE6vKFYXktag/viewform?embedded=true" width="640" height="5296" frameborder="0" marginheight="0" marginwidth="0">Memuat…</iframe>

















28 Komentar

  1. Ancas sesorah niku enten 4, menawi atur pambgya harja kedah ting acara manten napa ing acar liane saged digunakake??

    Maturnuwun
    Siti Fatimah #12BG 1

    BalasHapus
  2. Saged ing acara napa kemawon mbak...

    BalasHapus
  3. Bu Niki Gita Puspita Sari kelas 12 busana 2, sesorah niku kangge acara nopo mawon nggih Bu?

    Matursuwun...

    BalasHapus
  4. Kula clarisa TB 2, yen sesorah ting acara manten, nopo nawon sing kudu digatekke ? Matur suwun.

    BalasHapus
  5. Bu badge tanglet,nopo sesorah niku kangge acara mantenan mawon nopo saged liyane?

    Lilis endang safitri 12busana 2

    BalasHapus
  6. Kulo Nadia 12busana2 badhe tanglet. biasanipun menawi wonten acara nganten menika ngagem sesorah ingkang biasanipun kirang saget di pahami. Rasane Kulo niku basa asing. Niku ngagem basa Jawa nopo nggh buk

    BalasHapus
  7. Kula Yuli Dian bu
    Badhe tanglet menawi atur pambagya harja niku ingkang matur tiyang kakung mawon nopo tiyang setri nggih saged?

    BalasHapus
  8. Kula aisyah, badhe tanglet. Napa bedane sesorah ting acara resmi kalih mboten resmi?

    BalasHapus
  9. Sae bu, tapi pripon ggeh bu, nek maos sesoran ben mboten bingung wektu salah

    BalasHapus
  10. Buk kula eva badhe tanglet pripun carane lancar sesorah lan mboten grogi

    BalasHapus
  11. Kula Ika Setiyani badhe tanglet menawi badhe sesorah niku nopo mawon ingkang kudu digatekke??

    BalasHapus
  12. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  13. Kula Ana Irwanti kls 12 tb 2 bade tanglet sesorah sing sae niku sing pripun? Matursuwon.

    BalasHapus
  14. Bu kulo yeti apri badhe tanglet Ular-ular, wursitawara, wasitawara niku sami nopo benten nggih bu?

    BalasHapus
  15. Bu Bade tanglet awal mulane sesorah niku pripun..?
    Kula dian 12tb2

    BalasHapus
  16. Bu badhe tanglet apa basa kang diagem kangge sesorah niku kudu basa krama? kulo adhiva dinda

    BalasHapus
  17. Bu Kulo sinta Ajeng menurut kulo wontene materi kados menika nggampilaken siswa anggenipun Sinau amergi mboten ndadak mbeto buku, matur suwun Bu

    BalasHapus
  18. Kulo badge tanglet ,cara ingkang impromptu menika tetep maos teks punapa boten?
    Nuril Faizah 12Tb2

    BalasHapus
  19. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  20. Kulo Latifatuz Zahro XII TB2
    Bu, menawi ing ancase sesorah wonten "Ngengajak" yen saumpami kita teseh pidhato nanging para tamu malah mboten mirengke lan ngobrol piyambak. Sikap kita kang leres pripun bu?

    BalasHapus
  21. Bu badhe tanglet pripun solah bawanipun sesorah wonten tiyang kesripahan??
    Maturnuwun...
    Nuroh Sanahtati XII TB 2

    BalasHapus
  22. Kulo Nur Hayati TB 2 badhe tanglet, menawi sesorah niku kangge acara nopo mawon nggih bu?

    BalasHapus
  23. Kula widia bu, badhe tanglet caranipun maos sesorah mboten grogi pripun bu? Matur suwun.

    BalasHapus
  24. Babagan niku bermanfa'at sing sak derenge kulo mboten ngertos dados ngertos lan paham,matur nuwun saking Erma Kusumaningrum

    BalasHapus
  25. Kula Galuh Anggraeni.. badhe tanglet pripun carane ndamel sesorah ingkang sae? Matur nuwun

    BalasHapus
  26. Kula mia dwi utami buk badhe tangled, pripun carane supaya nalika kita sesorah saget dipun gatekke kalih hadirin lan saget katon berwibawa,,,matur suwun buk.

    BalasHapus
  27. Bu wonten babagan urut urutane sesorah wonten salam pembuka uluk salam miturut agama kang dianut ingkang ngagem salam kados sugeng enjing,siyang mekaten saget nopo mboten?

    BalasHapus
  28. Bu kula dela anggota.
    Sesorah iku teges e nopo?

    BalasHapus